Bawor, Petruk, dan Gareng Nguda Rasa

Bawor, Petruk, dan Gareng Nguda Rasa
Sutoyo Abadi, dibawah makam Pangeran Sambernyowo

Sutoyo Abadi : 23.07.2025

(“Jeneng Bawor nang tlatah Banyumasan kuwe jeneng Bagong )

BAWOR ( B ) : Ndase lagi mumet, celatu “Gareng – Petruk, kiye ramane dewek ( SEMAR ) nang endi ya ?

PETRUK ( P ) : Aku ya gumun wis rada suwe lunga sekang omah, apa nang alas ya ?.

GARENG ( G ) : Inyong wis nggoleki ramane nang endi – endi ya ora ketemu, apa lagi ngemis ya ?

B : Gareng cocotmu aja ngawur ya, ramane kuwi ketok elek rupane tapi titisan dewa lho .

P : Gareng tugasmu kudu nggoleki ramane nganti ketemu.

G : Jane ana apa ya, ramane ora usah di goleki, jarene titisan dewa, ben bae ilang di untal demit.

B : Kie kahanan momongane dewek pating petakil, wis owah kabeh, wis oncat pating blesah seko wewaler ramane.

P : Iya Wor ( Bawor ) wis pating jempalit ora karu karuan, wis ora ana bedane karo panguripane kewan.

G : Aku jane ya ngerti, wis ora iso dadi payunge para kawulane ( rakyate ), petata – petiti, kemlinti, keminter lali karo wewaler para leluhure.

B – P – G : “Lah kae ramane teka ketok klewus megal megol seko wetan. Ayo bare sungkem mengko nembe takon kahanan karo ramane.

SEMAR ( S ) : Krungu gunemane seka kadohan celatu, “Blegendong – blegendong blukang teles ora isi di obong”.

Bagong, Petruk, Gareng , ojo kalehan takon, aku wis ngerti gegunemanmu. Ora usah nggoleki aku. Aku bakal munggah pertapaan Jonggring Saloko, mergo Nusantara wis owah seko wewalere Gusti Kang Maha Agung.

Wis aku pamit, ora usah tenger tenger, amargo kahanan pancen peteng dedet, mogo – mugo Gusti Kang Murbeing Dumadi, paring pitulungan.

Bleeeer Semar ilang, munggah kayangan Jonggring Salako.

Bawor, Petruk lan Gareng, “urung takok apa – apa, pating plenggong, ramane wis ilang maning. Negara arep bubrah apa entuk pitulungan, kahanan isih peteng dedet .

EDITOR: REYNA

Last Day Views: 26,55 K